Geguritan

Caranipun ndamel geguritan :
  1. Nemtokaken tema 
  2. Milih irah-irahan kanthi saged narik kawigatosan 
  3. pamilihanipun tembung-tembung ingkang menthes
  4. Antawisipun judul/irah-irahan kaliyan isi kedah jumbuh.
  5. Pandapuking/bentuk saged nggadahi makna wantah (denotasi) utawi boten wantah (konotasi)
  6. Milih tembung-tembung ingkang ngemu suraos sastra/ingkang nuwuhaken kaendahan.
Tuladha Geguritan

Ewah Kaliyan Kawontenan Jaman
Dening : Elsa Aviventi

Bubrah, owah ora karuan…
     Tiyang Jawi nanging lali
     Lali utawa pancen nglali?
     Kula ugi mboten ngerti
                             Tiyang wadon ingkang kedah sopan
                             Menawi ngagem ageman
                             Nanging ewah kaliyan kawontenane jaman
     Lancingan ingkang kedahipun nutupi supados mboten ketingal
     Sakniki malah mbikak wentise wanodya
     Aneh, lucu, wagu, ugi klentu
     Mboten pareng ditiru, napa malih digugu
                             Hey koe para wanodya
                             Apa koe lali budaya bangsa
                             Dhandhang diunekke kuntul, kuntul diunekke dhandhang
                             Mbok ya aja kelantur,
                             Desa mawa cara, negara mawa tata.
                             Jumbuhna karo tata krama ing negaramu
                             Ojo isane mung tiru-tiru.
     Namung siji gegayuhanku
     Wanodya kang ora lali
     Pye kudune nganggo klambi
     Barang kang dikethokke durung mesthi endah
Rounded Rectangle: Nama : Elsa Aviventi
No : 09
Kelas : XA
     Reca kayu, goleka kawruh rahayu. 

Comments

Popular Posts